Kamis, 01 November 2012

LAYANG

Katur
Panjenenganipun Bu muryati
Ing Klaten





Sembah pangabekti.
Nuwun wiyosipun,kanthi serat menika kula ngaturi uninga bilih kawontenan kula ing Klaten.
karana barokah lan rahmatipun Gusti ingkang maha Agung saha awit saking pangastunipun 
Bu mur pinanggih ginanjar wilujeng nir ing sambikala.ingkang kula suwun Bu sakulawarga makaten ugi.
kajawi saking menika Bu,ngaturi uninga bilih wiwit tanggal 29 maret ngantos mugi 1 April 2013 benjang kula badhe ujian nasional,ingkang menika kulo nyuwun donga pangestunipun Bu mur mugi-mugi anggen kula ujian kaparingan gampil lan saged lulus kanthi biji ingkang ngremenaken.
sesampun menika,kula mangke badhe nglajengaken sekolah wonten ing UNY,ugi nyuwun donga pangestu Bu mur mugi-mugi pikantuk sekolah negeri kados ingkang kula kajenganipun. Mbok bilih mbenjing acara radi longgar ingkang menika keparenga kula suwun Bu mur dhateng prambanan seperlu ngedhem pikir utawi rekreasi lan mugi-mugi Bu mur boten kawratan menawi kula sowan.

wasana cekap sementen rumiyin Bu mur wonten lepat kula nyuwun agunging pangaksami.


Prambanan 02 November 2012


Ekki Widiyani Utami

Tidak ada komentar:

Posting Komentar